Senin, 13 Februari 2012

Geguritan

DONGANE IBU

Dening : Suwarna PW

Swaramu nyuwek sepining wengi
Nalika kabeh padha turu kepati
Kanggo nyuwun mring ngarsaning Gusti
Supaya anak putu padha mukti
Ibu
dongamu bisa dadi cagak awak uripku
bisa nggugah kakuwatanku
bisa nambah imanku
golek ngelmu kanggo mulyaning uripku
Ibu
dongamu ngumandhang ing langit pitu
tinampa Gusti kang Mahahayu
kanugrahan trus lumintu
anak bisa kepenak
putu nemu rahayu
canggah bisa kesrambah 
 
ini adalah geguritan / puisi yang dulu sering saya baca saat pelajaran bahasa jawa.. mangga dibaca dan diresapi! jangan pernah sakiti ibu kalian karena ibu adalah segalanya!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar